Thursday, October 6, 2011

DRAMA BAHASA JAWA - ATIKU KESANGKUT DOMPETMU


Wonten salah satunggaling desa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga ingkang gesangipun rukun lan sae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan putra naminipun Prima. Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika, ananging amargi srawung kaliyan bocah ingkang mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima sampun benten.

Bapak
:
“Le,,,Prima! Mbeneo dipek!”

Prima
:
“Ono opo Pak?”
Bapak
:
“Terno undangan iki neng gone Pak Prapto yo Le.”
Prima
:
“Gah aku Pak, aku arep mancing.”
Ibu    
:
“Weleh….mbok yo nek karo wong tuo ki gek sopan.”
Bapak
:
“Yo uwes Bu, nek ora gelem yo ora popo.”
Ibu   
:
“Ora iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh gek do ora reti unggah-ungguh, ojo nganti Prima melu-melu.”
Bapak
:
“Yo wes…Yo wes,,,rasah do rebut.”

            Mboten langkung suwe, kancanipun Prima ngampiri.

Kunto
:
“Prima….!”
Prima
:
(mlayu mekdal saking griya) “Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor dipek.”
Rita 
:
“Yo,,cepet yo brow!”
Kunto
:
“Yo, beres.

            Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi motoripun badhe dingge mancing.

Prima
:
“Mbak, aku jileh kunci motore!”
Zulfah
:
“Arep nang ngendi?”
Prima
:
“Mancing.”
Zulfah
:
“Wegah,mengko sore arep tak nggo ngeprint tugas.”
Priima
:
“Alah mbak…rak pelit-pelit.”
Zulfah
:
“Sopo gek pelit? Luwih penting ngeprint mbangane mancing.”
Prima
:
“Dilit wes.!”
Zulfah
:
“Yo, tapi jam 4 mengko kudu wes bali!”
Prima
:
“Yoh”

            Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibuipun.

Prima
:
“Bu, mancing” (sinambi lunga)
Ibu  
:
“Ealah….mbokyo nek pamit ki sek bener.”
Lia   
:
“Mas…mas…aku melu.”
Prima
:
“Rasah, adek neng omah wae.”
Lia    
:
“Aaaa….aku melu.”
Prima
:
“Rasah, neng kono ki eneng raksaksane, mengko ndak dicaplok.”
Lia     
:
“Ibu,,,,”(sinambi ndelik wonten wingkingipun ibu) “Tapi aku mengko digawakke iwakke gek gedheeeeeeeeeee banget. Yo mas yo?”
Prima
:
“Yo!”

            Prima lajeng mancing kaliyan kanca-kancanipun. Saking penakke mancing prima ngantos kesupen wekdal.

Prima
:
“Waduh lali aku.” (sinambi napuk bathukke dewe.
Rita   
:
“Ngopo brow?”
Prima
:
“Sakiki jam piro?”
Rita   
:
(Ningali jam tangan) “Jam setengah lima.”
Prima
:
“Waduh, aku sipek yo. Motore arep dinggo mbakyuku je.”
Kunto
:
“Lah rak sido mbakar iwak po ye Brow?”

Dereng ngantos dijawab, Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak, dompetipun kecer. Ananging Prima mboten mangertos amargi kesesa.
            Saksampunipun Prima lunga, onten Nilam ingkang lewat dalan menika saking tumbas bumbu masak.

Nilam
:
(Mendhet dompetipun Prima) “Dompete sopo yo iki? Ah yo wes go mulih wae.”

            Saksampunipun wonten griya, Nilam lajeng nyaoske bumbu masakipun dhumateng ibu Nisah.

Nilam
:
“Bu, niki bumbunipun. Artane turah gangsal ewu.”
Ibu
:
“Ow yo. Duite peken wae Nok, nek tok nggo tuku LKS.”
Nilam
:
“Mbotensah bu, kula sampun nabung kok kangge tumbas LKS.”
Ibu
:
“Ow yo wes nek ngono.”

Nilam lajeng mlebet kamar. Lan bukak dompet ingkang ditemu wau. Dompet wau onten fotone ananging mboten wonten identitas sinten ingkang nggadhahi dompet menika.

Nilam
:
(sinambi ningali foto wonten dompet) “Sopo yo iki? Ganteng tenan.” (mesam-mesem)

            Wonten dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun. Prima tanglet kaleh keluarganipun.

Ibu
:
“Sampeyan ki ngopo to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?”
Prima
:
“E…mboh Bu! Dompetku ilang.”
Ibu
:
“Loh lha adate le deleh neng ngendi?
Prima
:
“Yo neng sak, tapi mau tak tilekki wes orak eneng.”
Ibu
:
“Coba takono mbakyumu.”
Prima
:
“Mbak, ngerti dompetku ora?”
Zulfah
:
“Dompet opo to? Wong yo duwe dompet dewe-dewe kok yo rebut.”
Ibu
:
“Oalah….mulakno nek deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak eneng gek jupuk dompetmu.”
Mifta
:
(Liwat sakngarepe Prima)
Prima
:
“Dek..dek…”
Mifta
:
“Ono opo Mas?”
Prima
:
“Neng ngendi dompetku?”
Mifta
:
“Dompet opo to Mas? Au ulak leti.”
Prima
:
(Bentak Mifta) “Rasah ngapusi! Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?”
Ibu
:
“Karo adhine ki ora kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso, karo adhine mbentak-mbentak. Gek lelakon opo iki….” (ngelus dada)
Prima
:
“Aargh…mboh.” (Mbanting kursi lajeng lunga)
Zulfah
:
“Sabar nggeh Bu….”
Bapak
:
(Lenggahan wonten kursi) “Ono opo iki?”
Mifta
:
“Pak Bapak….mau mas Prima natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.”
Zulfah
:
“Dompetipun Prima ilang Pak, lajeng muring-muring.”
Bapak
:
“Yo wes rak popo. Jenenge we lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.”
Zulfah
:
“Pak, menawi Prima dipunleske matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
Bapak
:
“Loh loh loh…kok dadi matematika kepriye to?”
Zulfah
:
“Prima nate ngendika menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku tiyang ingkang ndemenakake Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-ungguh. Pripun Pak?”
Ibu
:
“Aku setuju kuwi.”
Bapak
:
“Yo wes nek ngono. Zul, mengko ajaken Prima neng gone Bu Nisah!”
Zulfah
:
“Nggeh Pak.”

            Prima dipun ajak Zulfah wonten gone Bu Nisah. Ananging Prima dereng mangertos badhe dipun ajak mbakyunipun wonten pundi.

Prima
:
“Arep nang ndi iki Mbak?”
Zulfah
:
“Ora nang ndi-nang ndi. Wes to sampeyan manud wae.”

Saksampunipun daleme Bu Nisah.

Zulfah
:
Tok…tok…tok…(Zufah ndodok lawang) “Assalamualaikum.”
Ibu
:
(Bikak lawang) “Waalaikumussalam. Ow…eneng tamu to. Mlebet rumiyin.”


Zulfah saha Prima banjur mlebu wonten dalemipun Bu Nisah.
Zulfah
:
“Kula Zulfah Bu, niki Prima rayi kula.”
Ibu
:
“Ow…yo. Niki putranipun Bu Nur to?”
Zulfah
:
“Inggih Bu.”
Ibu
:
“Nilam….!” (Ibu Nisah dangu putrinipun)


Nilam lajeng mekdal. Ananging Nilam kaget lan campur seneng amargi ketemu Prima inggih menika tiyang ingkang wonten Foto.
Ibu
:
“Niki putrinipun ibu, naminipun Nilam.”


Nilam banjur salaman dhumateng Zulfah lan Prima.
Ibu
:
“Nok, tulung jupukno wedhang yo….nggo tamune wakedewe.”
Nilam
:
“Geh Bu…”



Nilam banjur mlebet nyepakkaken wedhang saha camilan kangge Zulfah lan Prima.



Zulfah
:
“Sowan kula mriki badhe ndaftaraken Prima les matematika.”
Prima
:
Kaget, ananging badhe nolak mboten wani amargi sek mertamu.
Ibu
:
“Ow,,ngono to…yo.”


Nilam lajeng mekdal nyuguhke wedang lan camilan lajeng mlebet malih.
Zulfah
:
“Dadosipun pripun Bu?”
Ibu
:
“Yo,sesuk Senin jam 2 lekase.”
Zulfah
:
“Ow nggeh. Gegandengan sampun cekap, kula lan Prima badhe pamit rumiyin.”
Ibu
:
“Weh, lah kok kesesa, diombe dikek.”

            Zulfah lan Prima ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah.
            Nalikanipun Prima nembe dolan kalih kanca-kancanipun, Prima nyritakaken kedadean menika.

Prima
:
“Cah, mosok aku didaftarke les matematika to.”
Rita
:
“Opo?”


“Hahahaha…” (Rita lan Kunto podho nggeguyu Prima)
Kunto
:
“Ket kapan kowe les matematika ki? Hahaha….”
Rita
:
“Wakedewe ki anak punk men! Suwe-suwe kriting rambutmu nek les matematika. Mosok anak punk rambute kriting. Hahaha….”
Prima
:
“Asem!!! Malah do nggeguyu aku.”
Kunto
:
“Salahmu dewe gelem dileske.”
Prima
:
“Tak kiro mbakyuku arep ngewangi aku goleki dompet. Eh….jebule kuthuk marani sunduk.”
Rita
:
“Yo wes brow….aku lan Kunto bakal ngewangi goleki dompetmu kok.”
Prima
:
“Tenan loh cah… wah sampeyan kabeh pancen sohibku paling josss!”

            Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin. Dinten ingkang dipuntunggu Nilam kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima les matematika wonten dalemipun Bu Nisah.

Ibu
:
“Kuwi mau materine, sakiki coba soal iki garapen!”


Prima lajeng garap soal ingkang dipunparingi kaliyan Bu Nisah.
Prima
:
“Niki Bu, sampun.” (sinambi maringke garapanipun Prima)
Ibu
:
(Mriksa garapanipun Prima) “Iki wes bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wes, gandeng wes sore sakiki dipungkasi wae.”


Ibu lan Prima maos Basmalah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah.
Prima
:
“Assalamualaikum.”
Ibu
:
“Waalaikumussalam.”

            Nalikanipun Prima metu omah Nilam sampun ngenteni wonten jobo.

Nilam
:
“Prima,,.”
Prima
:
“Eh, Nilam, ono opo?”
Nilam
:
“Aku arep takon.”
Prima
:
“Yo.”
Nilam
:
(Nduduhaken dompet) “Iki dompetmu duduk Prima?”
Prima
:
(Gumun) “Iyo bener. Kok iso eneng neng gonmu?”
Nilam
:
“Aku nemukake neng dalan cedak kali.”
Prima
:
“Ow iyo..aku lagi kelingan nek aku dek emben mancing.”
Nilam
:
(Maringke dompetipun marang Prima) “Maaf geh, wingi aku urung sempet menehke dompet kuwi.”
Prima
:
“Orak popo kok. Nuwun nggeh.”
Nilam
:
“Nggeh.”

            Nilam lan Prima lajeng mantuk. Saksampunipun mangertos menawi Nilam ndemenakaken, Prima dados bocah ingkang demenakaken ugi. Kanca-kancanipun ingkang badhe ngewangi goleki dompetipun Prima malah mboten ketemu lan Prima mboten srawung kalih kanca-kancanipun ingkang mboten sae rumiyin.


Artikel Terkait:

0 comments:

Post a Comment


Jadilah pembaca yang bermartabat dengan memberikan komentar yang santun, indah di pandang dan sesuai dengan norma yang baik serta sesuai dengan apa yang ada di postingan.
Kriteria Komentar yang di tampilkan:
1. Bukan Komentar Spam
2. Komentar tidak sesuai dengan isi artikel
3. Menyisipkan Link/url baik itu blog/web pada komentar
4. Jika ingin copas, sertakan sumber